ANTARA PONAKAN PAK DE DAN WHATSAPP

PAK DE      : Ass. Rief,manut miturut kabar ko lik Harjo,sisihanmu sing nggarbini  sajake kok arep nglairke jabang bayi,yo demu  nik iso melu nenuwun mring Gusti sing akaryo
jagad saisini,mulo lancar,bancar,tan ono rubedo, lan ndadekake bungahe kabeh bapake,ibune,mbah2e lan kabeh sanak sedulur sak jagad kerat.

PONAKAN : Amiennn....tpi taksih dereng pak dhe....harusnya masih akhir bulan...

PAK DE      : Yo yo yo

PAK DE       : Sik,sik,sik, narsis ki opo to lik ?

PONAKAN  : Halah...niku lho...nikuuu...

PONAKAN : Voted

PAK DE      : Coro inggris,muloke renek

PAK DE      : Top markotop

PONAKAN : Pink....  ben pak dhe ga keliatan galak...😃😁

PONAKAN : Ing ngarso sung tulodho

PAK DE       : Ra abang,ra putih,ra kuning,ra ireng libur terus,sampek blenger

PONAKAN : Ooo...kalender e dispidol abang

PAK DE       : AJSC (antar jemput cucu sekolah) sambi mbabu alias asistent rumah tangga alias prt

PONAKAN  : AJCS keuleus....😁

PAK DE       : Aku nyetak kalender khusus tak kon gawe abang kabeh wis kiiro2 sewindu kepungkur

PONAKAN : Sewindu...Sebelum Masehi

PAK DE       : Sewindu ki 8 th

PAK DE       : Sebelum maseh podo karo plen ston

PONAKAN : Nggih....dalem tambahi dewe ben ketoro sampun suwe tenan

PAK DE      : Pak dhe ne lg leyeh2 mari ngosek genteng....ben kempling

PONAKAN : Mari iki lak ngosek ban mobil....hahaha

PONAKAN : Aku gemes kro mobil e pak dhe....lek tak ampil trus mbalekne reget...kiro2 disusul ng jakarta dikon ngumbah     sik... resik tenannnnnn....

PONAKAN : Menek genteng wani wae le le. Nek menek omah utowo genteng sing nduwur omah   wis ra wani

PONAKAN : Genteng nggletak ng lemah nggih??iki sing salah sing takon opo sing ditakoni to ya....
PONAKAN : Ora om....iki sing salah awake...

PONAKAN : Salah...kok nggawe pertanyaan koyo ngono...wong pak dhe ne ki puinter mlipir...😁

PONAKAN : Woooohhhh....biasane sing di pekso salah ki on agung...

PONAKAN : Urung serah terima jabatan kok wes dipindah ng ponakan

PONAKAN : Nyilih mobil yo ra oleh, masalahe disenggol setire wae wis reged kenek kringet, mlebu  mobil yo ra oleh la mambu   dodorant, nyawang tok  kuwi yo wis ngurangi ioni

PONAKAN : Lhah...kolo wingi tak sawangi terus mobil e....lha pak dhe sik dolan kro budhe...gek  dalem lali matur...

PONAKAN : Ya mugi2 sampun ruwat...

PAK DE       : Mobilku wis tak wenehi tolak balak yoiku akik ko pacitan oleh2 ko lik sih. Dadi rasah  nggawe jenang grendol

PONAKAN : Wih...deman akik...

PAK DE      : Akik tekik dingklik ccorakik

PONAKAN : Kiklik...

PAK DE      : Adik cilik linggih dingklik ongklak angklik ning gunung cilik (surondakan)

PAK DE      : Sing ora poso saiki wayahe dahar bujono ondrowino terus leyeh2 alias tedung.    Alhamdulillah jik   iso madang sego  beras,awak waras tandange giras, utek lan atine   trengginas, koyo jik dinas ning alas

PONAKAN : Nggragas...

PAK DE      : Nek ndelok foto nduwur,urut ko tengen yaiku.kang akad,awkmu, kotris,kek sur. La kok do nganggo eblek ning  klambine kuwi karepe opo,trs acara ning mahe sopo,trs acara  pengajian oppo,sing tauziah sopo,mbeeleh wedus opo  sapi opo soto


PONAKAN : Kok eblek....niku name tag pak dhe...wonten NIP e barang....


PONAKAN : Ning singkatane niki piye, mulo nulise dudu NIP ning nip. Dadi nek ditakoni njawabe  mik piyapiye nderek jenengan  mawon. Apike iku gampang dijak gotongroyong

PAK DE      :      Eleke jatah mangane huakeh. Rief, awakmu pernah ngamati wong nggirsari diundang   prasmanan,jabang bayi,nek njukuk sego sakpiring bek,durung sayure,durung   lawuhe,durung liyane nganti amber do ceblok. Ngono do ra entek,istilahe ngokoh,sebabe wedi ra bagean es podeng. Dadi muncu muncu rakenek jag jagongan,         kuwi biyen nek saiki yo mbuh  raruh

PONAKAN : Brti wong nggirsari sehat pak dhe....

PONAKAN : Lek ga sehat...ndak oleh dhahar A/B/C/D...gek ga oleH akeh...

PONAKAN : Ciri wong jaman mbiyen....misal berobat ke dokter,obat e muk "mangan e sing akeh, ben ndang waras...."

PONAKAN : Lek jaman saikniki " jangan makan ini, jangan makan itu, kurangi ini...." suwe2 mik  dhahar rambanan...😃

PONAKAN : Trus wedhus e mangan nopo lek wes dipangan sing nduwe....hahaha

PAK DE      :      Weduse didol, ben ra saingan golek ramban. Beres to. Terus digawe sate didol ning   kelutan

PONAKAN : Mau ki ngomong ne eblek to om...ujug2 pak dhe kok kangen prasmanan barang...

PONAKAN : Ooo...pak dhe ki ngersakne sate kelutan....

PAK DE       : Eblek ki nggo antri njumuk mangan piye to

PONAKAN : Didhahar ng sawah / ng ndongko karo jadah...nyamleng gaes...

PAK DE  :      Ra doyan sate. Biyen aku wis wareg sate. Saiki gantian ben podo bageane roto. Nek  kenek kolesterol yo roto

PONAKAN : Niki cemilan sing sehat

PONAKAN : Hahaha...ngaku dewe pak dhe ki...mbiyen adik2 e ga tau dibagi sate...mesti dolan ng  warung dewe iki....

PONAKAN : Adike dikon tempe tahu....mas e nyate...😁😃😄

PONAKAN : Ga betul...

PAK DE       : Aku ra percoyo nek iku camilan sehat,nek urung nyatake.

PONAKAN : Mboten wajib pak dhe...saged percoyo saged mboten...😁

PAK DE      : Senenono mbahmu dono, wong sing ngejak aku yo mbahmu kok

PONAKAN : Salah og ngajak2...

PONAKAN : Nyate mawon sing ngajak2..

PAK DE       : Tapi piye yo,lik mu jik bayi. Upomo dijak yo kloloten sunduke

PONAKAN : Lhaaaa....sakniki pak dhe mbayari adik2 nyate kelutan...pak dhe ga usah dhahar...mik  mbayari...😄

PONAKAN : Teh tawar boleh lah...

PAK DE       : Yo aku sing mbayari, ning carane menkonsumsi koyo jaranan senterewe, ambune tok

PAK DE       : Deloken kanti teliti. Kuwi mik action,renek aktifitas makan. Kabeh jik utuh terus ra  nyamuk nyamuk.opo maneh atop utowo glegegen.

PAK DE       : Sajake

PONAKAN  : Haa ha hha dilebur suk bodo yo

PAK DE        : Opone

PAK DE        : Wis tak woco wola wali. Apik banget.

PAK DE       : Jare enek gerhono mbulan. Terus aku kelingan ccilikaku karo mbah Noto kon kotekan lesung. Mbulane dipangan ulo, mulo kotekan lesung ben mbulane ben diutahke. Tenan  kuwi, jan dongko rame banget wong sakdeso kotekan kabeh.
   
PAK DE   :    Jaman saikii lesung we ra gotro. Jane arep tak foto kirim wa, ning lesunge wis  renek,dadi  kapan2 wae

PONAKAN : Casava..

PAK LEK   : ketela (haaallllaaahh melu melu)

PAK DE      : Pohong


WHATSAPP : Aku wiwit tgl 1 nganti 4 April dipencet-pencet Pak De karo Ponakan. Drijimu apa ora  pegel wk wk wwkkkk......



Tidak ada komentar:

Posting Komentar